Rabu, 02 April 2014

PIKET KELAS

Kedadean iki nalika dina Rabu, sauwise bel bali sekolah moni, lan siswa-siswi siap-siap arep bali. Tapi ana beberapa siswa sing durung arep bali mergane nglaksanakake piket kelas.
Diceritakakenen Anjas lan Marina agi piket, tiba-tiba ana bocah wadon kang ngorong-ngorong. Kepriwe ceritane..!! langsung  bae kita tingali ing TKP.
Anjas    : “Piket Mar sing bersih”
Marina    : “Iya Njas tenang bae”
Anisa    : “(Tiba-tiba teka lan ngorong-ngorong). YANG PIKET, YANG PIKET, YANG                
                PIKET.”
Anjas    : “Anisa ko due mata apa ora!!!, ko weruhe nyong gi ngapa! Mbantu lah patut. Teka-
               teka ngorong-ngorong, suarane apik banget apa, POLUSI SUARA   NGERTI!!!.”
Anisa     : “(Meneng bae. Nglanjutake ngorong-ngoronge). SING BERSIH, SING BERSIH,
                SING BERSIH, AJA KABUR, AJA KABUR.”
Marina    : “Masya Allah, kae wong apa iblis, mbok meneng si ngapa (madep ngon Anisa)”.
Anisa      : “(Tetep ngorong-ngorong, palah tambah seru).”
Anjas      : “(Nyepak meng Anisa karo ngawa sesuatu lan sesuatu kuwe di lebokna nang lesane
                 Anisa).”
Anisa      : “Asem ko ya, ngajak singgel apa (tangane methentheng).”
Anjas      : “Heeh... Marina mbok wis ngomong, ko meneng ja ngorong-ngorong bae!.”
Anisa      : “Lah ngapa nek nyong ngorong-ngorong.”
Marina    : “Ngapa, ngapa brisik ngerti!.”
Anjas      : “Iya ho... Wis suarane...”
Anisa      : “Loh bebas. Prawan.”
Marina    : “Nis bebas si bebas, tapi sopan mbok.”
Anisa      : “Kaya ko lagi sopan banget.”
Anjas      : “Iya nyong sopan banget.”
Pak Guru: “(tiba-tiba teka) Heh, heh. Ana apa..? Jen ribut bae.”
Marina    : “Niku Pak Anisa.”
Pak Guru: “Ana apa karo Anisa.”
Marina    : “Ngaten Pak.... Kula seg piket, nanging Anisa ngorong-ngorong mawon.”
Anjas      : “Ngih niku Pak.”
Anisa      : “Ih wadulane yakin.”
Marina    : “Lah ngapa si, masalah nggo ko!.”
Pak Guru: “Wis, wis, kaya cah SD bae, senenge adu omong.”



Anisa, Marina, Lan Anjas pada meneng.
Pak Guru : “Mbak (karo nepuk gigire Anisa), aja kaya kue ya mbak.”
Anisa      : “Ngih Pak....(madep meng ngisor).”
Pak Guru : “Geh mbak, nek mbantu ngrewangi nyapu mbersihi kelas kan lewih apik.”
Anisa      : “Kula niku namung mringatake supados kanca-kanca nglaksanakake piket kelas, 
                 mboten langsung wangsul.”
Pak Guru  : “Ya carane aja kaya kue... Ora usah ngorong-ngorong. Anjas lan marina kan lagi piket.”
Anisa      : “Kula kadhos niku supados Anjas kaliyan Marina angone piket semangat.”
Pak Guru : “Ya sing diperingati nek bocah sing ora piket, nek sing bocah lagi piket ya mbak ra usah    
                 kaya kue.”
Anisa      : “(Manthuk) Ngih pak.”
Pak Guru : “Ya wis, siki ko (nunjuk Anisa) njaluk ngapura maring Marila karo Anjas.”
Anisa      : “ Marina, Anjas  nyong njaluk ngapura.”
Marina    : “Ya nyong karo Anjas li wis maafaken ko. Ngesuk-ngesuk ja kaya kue maning ya   
  Nis.”

Anjas, Marina lan Pak Guru banjur metu kelas lan pada bali.


3 DINA KEMUDIAN, Sauwise bubar sekolah
Anjas      : “Geh Marina, dina iki ka ora ana sing piket.”
Marina    : “Iya we. Siki si pikete sapa.”
Anjas      : “Jajal tak ndeleng jadwal disit.”
Marina    : “Ya cepet!”
Anjas      : “O... Ya! Mar, siki mbok pikete bocah cetar membahana.”
Marina    : “Cetar membahana sapa Njas (Bingung).”
Anjas      : “Leh kaya ra ngerti bae.”
Marina    : “O... Anisa maksude ko (Jari menunjuk ke Anjas).”
Anjas      : “Lah kue bocah.”
Marina    : “Cepet Njas ngomong meng Anisa, kae bocahe isih nang ngarep kelas.”
Anjas      : “Ya sip. (Mlayu marani Anisa) Anisa piket, siki mbok pikete ko. (Keras)”
Anisa      : “Lah males.”
Anjas      : “Males, males. Hu dasar jarkoni, pinter ngajar ora bisa ngelakoni.”
Anisa      : “(Mlebu maring kelas).”
Marina    : “Nis cepet nis piket, iki sapune.”
Anisa      : “Lah males.”
Anjas      : “Anisa piket ngapa, nek ra piket denda loh.”
Anisa      : “Ngapa piket, wong batire be pada piket be ora.”
Anjas      : “Apaan wong batire be pada piket. Sing ra tau piket li ko.”
Anisa      : “(Metu kang kelas, karo mlayu aso).”
Anjas      : “(Mlayu nang mburine Anisa karo nggawa sapu). Nis piket disit leh, iki sapune.”
Anisa      : “Sorry, ngana ko dewek.”
Anjas      : “Hu dasar, cah wadon pemalas, jiwane kotor, tipis lambene alias senenge nyatur 
                  wong liya. Huu... mugane melu pelajaran bahasa jawa karo buharti ya ngerti.!”
Anisa      : “(Sirahe nongol nang lawang) Hellowww... Masalah buah looo...”
Marina    : “(Metu kang kelas lan bali)”
Pak Guru: “(Teka saka kelas sebelah). Assalamualaikum Wr. Wb.”
Anjas      : “Wa’alaikumsalam Wr. Wb.”
Pak Guru : “Wis mas, istighfar.”
Anjas      : “Ngih Pak.”
Pak Guru : “Geh mas, kae Anisa kena kanggo pelajaran, supaya aja seneng nyatur liyan.”
Anjas      : “Ngih Pak, Nggih.”

Anjas lan Pak guru banjur pada mulih

Selesai




0 komentar :

Posting Komentar